Menikolah salah setunggal ipun pintu syetan memalingkan manungso lan ngedohaken saking beramal ingkang ikhlas. Mboten kito sadari, naliko kito update status wonten jejaring sosial ternyata meniko saget terjerumus dateng riya’,
Asring kito maos utawi kito piyambak ingkang update status:
Alhmdulillah, sudah waktunya berbuka puasa sunnah
Akhirnya selesai juga tarawihnya
Jum’atan dulu ah
Senangnya berbagi dengan anak-anak yatim
Waktunya thowaf mengelilingi ka’bah
Alhmdulillah, bisa shalat di masjin Nabawi.
Lan status-status ingkang miri-mirip
Saklebatan mboten wonten masalah kalian status-status kasebat. Mung mawon menawi kito galih radi jeru malih, status-status kasebat saget njrumusaken dateng prilaku riya’ ingkang bade ngrisak amal-amal sae kasebat.
Saget ugi foto utawi status ingkang kito update wonten jejaring sosial dados pintu masuk ipun iblis njerumusaken dateng duso ingkang samar, penyakit ati ingkang bade ngrisak amal-amal sae kito, ingkang lazim dipun sebat riya’.
Ma’asyirol muslimin, hafidlo kumulloh
Sejatosipun kito mboten dipun larang utawi dipun parengaken update status ibadah kanthi niat:
Tahadduts bin-ni’mah (ngetingalaken nikmat Alloh wonten diri kito)
Ta’lim (Pembelajaran/pendorong) tyang sanes supados niru (mencontoh) amalan sae ingkang kito tindaaken
Selamet utawi aman saking riya’ (pamer amal)
Rugi engkang ageng utawi ciloko, menawi ganjaran amalan sae kito dipun risak kalian status-status ingkang kito update/dipun unggah wonten media sosial.
BACA HALAMAN BERIKUTNYA..