Ingin meraih keberuntungan di dunia dan akhirat? Simak materi khutbah berjudul Empat Ciri-ciri Orang Yang Beruntung yang mengajak kita menjadi pribadi lebih baik.
Melalui khutbah Jumat 30 Oktober 2026 ini, mari memperdalam pemahaman tentang ciri-ciri orang yang beruntung serta menjadikannya pedoman dalam menjalani kehidupan sehari-hari.
Kabar baiknya, naskah khutbah tersedia dalam format PDF gratis. Anda bisa mengunduh dan membacanya langsung melalui tablet atau ponsel tanpa perlu mencetak dokumen.
Praktis dan mudah digunakan, khutbah Jumat 30 Oktober 2026 cocok menjadi referensi bagi khatib yang sedang mempersiapkan materi khutbah Jumat pekan ini.
Jangan lupa mencantumkan nama penulis dan sumber naskah sebagai bentuk penghargaan terhadap karya dan menjaga etika dalam berbagi ilmu.
Mari sebarkan manfaatnya! Bagikan informasi khutbah Jumat 30 Oktober 2026 ini ke grup WhatsApp keluarga, teman, komunitas masjid, dan grup relasi lainnya agar semakin banyak orang memperoleh manfaat.
Konten ini merupakan hasil kerja sama dengan situs khutbahsingkat.com, yang menyediakan berbagai referensi materi khutbah untuk membantu umat menyampaikan pesan kebaikan.
Semoga materi Empat Ciri-ciri Orang Yang Beruntung menjadi pengingat untuk terus memperbaiki diri dan meraih keberuntungan yang hakiki di dunia maupun akhirat.
KHUTBAH PERTAMA
اَلْحَمْدُ لِلّٰهِ الْمَلِكِ الدَّيَّانِ، وَالصَّلَاةُ وَالسَّلَامُ عَلَى مُحَمَّدٍ سَيِّدِ وَلَدِ عَدْنَانَ، وَعَلَى اٰلِهِ وَصَحْبِهِ وَتَابِعِيْهِ عَلَى مَرِّ الزَّمَانِ
وَأَشْهَدُ أَنْ لَّا إِلٰهَ إِلَّا اللهُ وَحْدَهُ لَا شَرِيْكَ لَهُ الْمُنَـزَّهُ عَنِ الْجِسْمِيَّةِ وَالْجِهَةِ وَالزَّمَانِ وَالْمَكَانِ، وَأَشْهَدُ أَنَّ سَيِّدَنَا مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ الَّذِيْ كَانَ خُلُقُهُ الْقُرْآنَ
أَمَّا بَعْدُ، عِبَادَ الرَّحْمٰنِ، فَإنِّي أُوْصِيْكُمْ وَنَفْسِي بِتَقْوَى اللهِ المَنَّانِ، الْقَائِلِ فِي كِتَابِهِ الْقُرْآنِ: اِنَّ الْمُتَّقِيْنَ فِيْ جَنّٰتٍ وَّعُيُوْنٍۙ، اٰخِذِيْنَ مَآ اٰتٰىهُمْ رَبُّهُمْ ۗ اِنَّهُمْ كَانُوْا قَبْلَ ذٰلِكَ مُحْسِنِيْنَۗ (الذاريات: ١٦-١٧)
Hadirin ma’asyiral muslimin jamaah jum’ah rahimakumullah
Ing kesempatan ingkang mulia punika sumangga kita sareng-sareng usaha ningkataken kadar keimanan lan ketakwaan kita dhateng Allah SWT. Kita usaha sekiyat tenaga kangge nglampahaken perintah-perintah Allah lan nebihi sedaya larangan-larangan Allah SWT.
kaliyan berbekal Iman lan Takwallah, mugi-mugi kita sami saged wilujeng ing donya lan wilujeng ing akhirat mangke. Amin ya-robbal alamin.
Hadirin ma’asyiral muslimin jamaah jum’ah Rahimakumullah
Ing kesempatan khutbah dinten punika, kita badhe ngajak jamah sami kangge sumerep sekawan tanda-tanda tiyang ingkang begja ing donya lan ing akhirat.
Lebet setunggaling riwayat dipunsebataken
وَعَلاَمَةُالسَّعَادَةِاَرْبَعَةٌ
Tanda-tanda tiyang ingkang begja utawi bingah punika wonten 4 macem:
1. ذِكْرُالذُّنُوْبِ المَاضِيَةِ artosipun, emut kaliyan dosa-dosa ingkang nate dipunlampahaken.
Dados manungsa estu mboten nate luput saking lepat lan dosa. Pramila, kita nggih mesthi nglampahaken tumindak dosa. Mungkin kita nate mboten nglampahaken kewajiban dhateng Allah, mungkin ugi kita nate nglanggar ketentuan Allah, mungkin ugi kita nate nglanggar hak-hak tiyang sepuh kita, semah/bojo kita, putra-putri kita, malah mungkin umat manungsa sanesipun.
Pramila, supados kita saestu dados tiyang ingkang begja, mila kita nggih nggetuni lampahan dosa ingkang nate dipunlampahaken kelawan cara istighfar kangge taubat dhateng Allah SWT.
Sampun ngantos kita getun ing akhirat mangke, amargi kita enggal emut dosa-dosa ingkang nate kita lampahaken kala wonten ing padang mahsyar.
Gegayutan bab punika Allah sampun ngemutaken kita lebeting al Qur’An serat an-nazi’at 34-35:
{ فَإِذَا جَاۤءَتِ ٱلطَّاۤمَّةُ ٱلۡكُبۡرَىٰ (34) یَوۡمَ یَتَذَكَّرُ ٱلۡإِنسَـٰنُ مَا سَعَىٰ (35) }
“Menawi dinten kiamat sampun dugi, mila ing dinten punika manungsa enggal emut kaliyan punapa ingkang sampun dipun lampahi nalika gesang, termasuk dosa-dosa ingkang sampun dipun lampahi.”
Hadirin jamaah jum’ah rahimakumullah, tanda-tanda tiyang begja ingkang kaping kalih inggih punika
2. وَنِسْيَانُ الْحَسَنَاتِ الْمَاضِيَةِ Ngelaleake kesaenan ingkang nate dipunlampahaken.
Limrahipun sifat dhasar manungsa inggih punika tansah remen menyebut-nyebut utawi malah dipuji amargi sampun nglampahaken kesaenan. Nanging sanes kados punika menggahipun agama Islam.
Tiyang ingkang malah ngelalekake kesaenan inggih punika tiyang ingkang begja, lan sa-wangsulipun tiyang ingkang remen ngeling-ngeling kesaenanipun malah kelebet tiyang-tiyang ingkang rugi.
Kenging punapa saged kados punika, amargi saya ngemut-emut kesaenanipun, mila sakedhik saya sakedhik ganjaran saking kesaenan kasebat ical lan pungkasanipun telas.
Allah sampun dawuh wonten Q. S. al-Baqarah 264:
يٰٓاَيُّهَا الَّذِيْنَ اٰمَنُوْا لَا تُبْطِلُوْا صَدَقٰتِكُمْ بِالْمَنِّ وَالْاَذٰىۙ
“He wong-wong kang podo Iman! aja siro kabeh ngrusak sedekahmu kelawan menyebut-nyebut lan ngelarani (perasaan wong kang nerimo sedekah),”
Dawuhipun Allah punika mucalaken supados kita mpun ngantos menyebut-nyebut kesaenan kita. Bilih kita menyebut-nyebut utawi ngemut-emut lampahan sae ingkang nate kita lampahaken, mila saged dados lambat laun pahala ingkang kita angsal saged saya kirang malah telas mboten wonten sisanipun.
Hadirin jamaah jum’ah rahimakumullah, tanda-tanda tiyang begja ingkang kaping tiga inggih punika
3. وَنـظَرُهُ إِلَى مَنْ فَوْقَهُ فِى الدِّيْنِ lebeting bab urusan agami, tiyang ingkang begja inggih punika tiyang ingkang tansah ningali tiyang sanes ingkang langkung saking piyambakipun.
Pesen punika paring motivasi ing kita sami kangge langkung giat lebeting ngibadah, langkung giat lebeting beramal sholeh.
Sumerep tiyang ingkang giyat shalat, kita nggih usaha supados giyat shalat. Sumerep tiyang ingkang bersedekah lan nglampahaken kesaenan sanesipun, kita nggih kepingin nglampahaken bab ingkang sami.
Hadirin jamaah jum’ah rahimakumullah, ingkang terakhir tanda-tanda tiyang begja inggih punika
4. وَنـظَرُهُ إِلَى مَنْ دُوْنَهُ فِى الدُّنْيَا sewangsulipun saking no. 3 ing inggil, menawi tiyang ingkang begja inggih punika tansah ngarahaken peningalipun dhateng tiyang ingkang langkung andhap saking piyambakipun lebeting bab urusan donya.
Pesen punika mucalaken dhateng kita sami kangge gesang bersyukur lan sabar. ing wekdal sakit, kita bersyukur taksih dipunparingi umur, bayangaken wonten tiyang sanes ingkang mboten sakit nanging langsung pejah.
Nalika ditimpa masalah, kita bersyukur taksih kiat ngadepi masalah, sawentawis wonten tiyang sanes ingkang mboten saged ngadepi masalah lajeng stress, struk lan pejah. Nalika kita kekirangan banda, kita bersyukur amargi kita taksih saged beraktifitas.
Bahkan nalika kita mboten gadhah punapa-punapa, kita nggih bersyukur amargi wonten tiyang ingkang gadhah banda, gadhah sedayanipun nanging mboten saged nglampahaken punapa-punapa. Hadirin, punika lah warni-warni gesang ingkang kedah kita ajengi.
Hadirin jamaah jum’ah rahimakumullah,
Saged dipunsimpulaken menawi, setengah saking tanda-tanda tiyang ingkang begja inggih punika pertami, emut kaliyan dosa-dosa ingkang nate dipunlampahaken. Kaping kalih, ngelaleake kesaenan ingkang nate dipunlampahaken. Kaping tiga, lebet urusan agami, tansah ningali tiyang ingkang langkung sae saking dhiri kita. Lan kaping sekawan, lebet urusan donya, tansah ningali tiyang ingkang langkung andhap saking dhiri kita.
Hadirin jamaah jum’ah rahimakumullah,
Sapunika, sumangga kita tingali badan kita piyambak-piyambak, sampun menopo dhereng kita nglampahaken sedaya utawi salah satunggaling ing antawis sekawan bab kasebat.
Bilih dereng, sumangga usaha semaksimal mungkin kangge nglampahaken sedaya utawi salah satunggaling ing antawis sekawan bab kasebat. Mugi-mugi kita sami dados tiyang-tiyang ingkang begja ing donya lan akhirat mangke. Amin
بَارَكَ الله لِي وَلَكُمْ فِي اْلقُرْآنِ اْلعَظِيْمِ وَنَفَعَنِي وَإِيَّاكُمْ بِمَا فِيْهِ مِنْ آيَةِ وَذِكْرِ الْحَكِيْمِ. أَقُوْلُ قَوْلِي هَذَا فَأسْتَغْفِرُ اللهَ العَظِيْمَ إِنَّهُ هُوَ الغَفُوْرُ الرَّحِيْم
KHUTBAH KEDUA
اَلْحَمْدُ لِلَّهِ حَمْدًا كَثِيْرًا كَمَا أَمَرَ، أَشْهَدُ أَنْ لَا اِلَهَ اِلَّا الله وَحْدَهُ لَا شَرِيْكَ لَهُ إِرْغَامًا لِمَنْ جَحَدَ وَكَفَرَ، وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ سَيِّدُ الْخَلَائِقِ وَالْبَشَرِ، اَللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى أَلِهِ وَصَحْبِهِ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الْمَحْشَرِ،
أَمَّا بَعْدُ. فَيَا أَيُّهَا النَّاسُ أُوْصِيْكُمْ وَنَفْسِيْ بِتَقْوَى اللهِ فَقَدْ فَازَ الْمُتَّقُوْنَ. فَقَالَ اللهُ تَعَالَى: إِنَّ اللهَ وَمَلَائِكَتَهُ يُصَلُّوْنَ عَلَى النَّبِيِّ، يٰأَ يُّها الَّذِيْنَ آمَنُوْا صَلُّوْا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوْا تَسْلِيْمًا. اَللَّهُمَّ صَلِّ عَلَى سَيِّدَنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى أَلِ سَيِّدَنَا مُحَمَّدٍ.
اللهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُؤْمِنِيْنَ وَاْلمُؤْمِنَاتِ وَاْلمُسْلِمِيْنَ وَاْلمُسْلِمَاتِ، اَلْأَحْياءِ مِنْهُمْ وَاْلاَمْوَاتِ. اللهُمَّ ادْفَعْ عَنَّا اْلبَلاَءَ وَاْلوَبَاءَ وَالزَّلاَزِلَ وَاْلمِحَنَ وَسُوْءَ اْلفِتَنِ وَاْلمِحَنَ مَا ظَهَرَ مِنْهَا وَمَا بَطَنَ عَنْ بَلَدِنَا إِنْدُونِيْسِيَّا خآصَّةً وَسَائِرِ اْلبُلْدَانِ اْلمُسْلِمِيْنَ عامَّةً يَا رَبَّ اْلعَالَمِيْنَ
اللَّهُمَّ أَرِنَا الْحَقَّ حَقًّا وَارْزُقْنَا اتِّبَاعَهُ وَأَرِنَا الْبَاطِلَ بَاطِلًا وَارْزُقْنَا اجْتِنَابَهُ. رَبَّنَا آتِناَ فِى الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِى اْلآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ. وَاَلْحَمْدُ لِلّٰهِ رَبِّ الْعٰلَمِيْنَ.
عٍبَادَ اللهِ، إِنَّ اللهَ يَأْمُرُ بِاْلعَدْلِ وَاْلإِحْسَانِ وَإِيْتاءِ ذِي اْلقُرْبىَ وَيَنْهَى عَنِ اْلفَحْشاءِ وَاْلمُنْكَرِ وَاْلبَغْيِ يَعِظُكُمْ لَعَلَّكُمْ تَذَكَّرُوْنَ، وَاذْكُرُوا اللهَ اْلعَظِيْمَ يَذْكُرْكُمْ، وَلَذِكْرُ اللهِ أَكْبَرْ





