KHUTBAH I
اْلحَمْدُ للهِ اْلحَمْدُ للهِ الّذي هَدَانَا سُبُلَ السّلاَمِ، وَأَفْهَمَنَا بِشَرِيْعَةِ النَّبِيّ الكَريمِ، أَشْهَدُ أَنْ لَا اِلَهَ إِلَّا الله وَحْدَهُ لا شَرِيك لَه، ذُو اْلجَلالِ وَالإكْرام، وَأَشْهَدُ أَنّ سَيِّدَنَا وَنَبِيَّنَا مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَ رَسولُه، اللّهُمَّ صَلِّ و سَلِّمْ وَبارِكْ عَلَى سَيِّدِنا مُحَمّدٍ وَعَلَى الِه وَأصْحابِهِ وَالتَّابِعينَ بِإحْسانِ إلَى يَوْمِ الدِّين،
أَمَّا بَعْدُ: فَيَاأيُّهَا الإِخْوَان، أُوْصِيْكُمْ وَ نَفْسِيْ بِتَقْوَى اللهِ وَطَاعَتِهِ لَعَلَّكُمْ تُفْلِحُوْنْ، قَالَ اللهُ تَعَالىَ فِي اْلقُرْانِ اْلكَرِيمْ: أَعُوْذُ بِاللهِ مِنَ الَّشيْطَانِ الرَّجِيْم، بِسْمِ اللهِ الرَّحْمَانِ الرَّحِيْمْ: يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آَمَنُوا اتَّقُوا الله وَقُولُوا قَوْلًا سَدِيدًا، يُصْلِحْ لَكُمْ أَعْمَالَكُمْ وَيَغْفِرْ لَكُمْ ذُنُوبَكُمْ وَمَنْ يُطِعِ الله وَرَسُولَهُ فَقَدْ فَازَ فَوْزًا عَظِيمًا وقال تعالى يَا اَيُّهَا الَّذِيْنَ آمَنُوْا اتَّقُوْا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوْتُنَّ إِلاَّ وَأَنْتُمْ مُسْلِمُوْنَ. صَدَقَ اللهُ العَظِيمْ
Jamaah Jum’at ingkang kinurmatan Allah,
Sumonggo kita tansah ngluhuraken drajat taqwa dhateng Allah Subhanahu wa Ta’ala, kanthi netepi sedaya dhawuhipun lan nyirnakaken sedaya laranganipun. Keranten anamung kanthi taqwa, manungsa saged slamet wonten ing donya lan akhirat.
Sholawat saha salam mugi tansah kaaturaken dhumateng junjungan kita, Nabiyullah Muhammad SAW, kalih kulawarga saha para sahabatipun.
Hadirin Rahimakumullah,
Wonten ing kesempatan ingkang kebak berkah punika, khatib badhe ngelingaken dhumateng awak pribadi saha jamaah sedaya, bab urip sakwuse pati, ingkang mesthi badhe kita lampahi. Saben tiyang mesthi badhe ngadhepi pati, ninggalaken donya punika lumebet alam kubur.
Allah Ta’ala ngendika wonten ing Al-Qur’an:
كُلُّ نَفْسٍ ذَائِقَةُ الْمَوْتِ
“Saben kang nduwé nyawa mesthi bakal ngrasakaké mati.” (QS. Ali Imran: 185)
Pati punika dudu pungkasaning urip, nanging wiwitaning lelampahan ingkang dangu dhateng akhirat. Rasulullah ﷺ nate ngendika ing hadits ingkang masyhur, nggambaraken kahanan manungsa nalika seda:
يَتْبَعُ الْمَيِّتَ ثَلَاثَةٌ: أَهْلُهُ وَمَالُهُ وَعَمَلُهُ، فَيَرْجِعُ اثْنَانِ وَيَبْقَى وَاحِدٌ، يَرْجِعُ أَهْلُهُ وَمَالُهُ وَيَبْقَى عَمَلُهُ
“Mayit bakal ditutugi/ditutake karo telu perkoro: keluargané, bandhané, lan amalé. Banjur loro bali, siji tetep bareng. Keluargané lan bandhané bakal bali, déné amalé kang tetep ngetutké.” (HR. Bukhari no. 6514 lan Muslim no. 2960)
Hadirin Rahimakumullah,
BACA HALAMAN BERIKUTNYA..