Khutbah Jumat Bahasa Jawa Akhir Tahun Hijriyah Bikin Jamaah Menangis

Ilustrasi Merenungi Sisa Umur
Ilustrasi Merenungi Sisa Umur

MUKADIMAH KHUTBAH JUMAT

   اْلحَمْدُ للهِ اْلحَمْدُ للهِ الّذي هَدَانَا سُبُلَ السّلاَمِ، وَأَفْهَمَنَا بِشَرِيْعَةِ النَّبِيّ الكَريمِ، أَشْهَدُ أَنْ لَا اِلَهَ إِلَّا الله وَحْدَهُ لا شَرِيك لَه، ذُو اْلجَلالِ وَالإكْرام، وَأَشْهَدُ أَنّ سَيِّدَنَا وَنَبِيَّنَا مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَ رَسولُه، اللّهُمَّ صَلِّ و سَلِّمْ وَبارِكْ عَلَى سَيِّدِنا مُحَمّدٍ وَعَلَى الِه وَأصْحابِهِ وَالتَّابِعينَ بِإحْسانِ إلَى يَوْمِ الدِّين،

أَمَّا بَعْدُ: فَيَاأيُّهَا الإِخْوَان، أوْصُيْكُمْ وَ نَفْسِيْ بِتَقْوَى اللهِ وَطَاعَتِهِ لَعَلَّكُمْ تُفْلِحُوْنْ، قَالَ اللهُ تَعَالىَ فِي اْلقُرْانِ اْلكَرِيمْ: أَعُوْذُ بِاللهِ مِنَ الَّشيْطَانِ الرَّجِيْم، بِسْمِ اللهِ الرَّحْمَانِ الرَّحِيْمْ: يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آَمَنُوا اتَّقُوا الله وَقُولُوا قَوْلًا سَدِيدًا، يُصْلِحْ لَكُمْ أَعْمَالَكُمْ وَيَغْفِرْ لَكُمْ ذُنُوبَكُمْ وَمَنْ يُطِعِ الله وَرَسُولَهُ فَقَدْ فَازَ فَوْزًا عَظِيمًا وقال تعالى يَا اَيُّهَا الَّذِيْنَ آمَنُوْا اتَّقُوْا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوْتُنَّ إِلاَّ وَأَنْتُمْ مُسْلِمُوْنَ. صَدَقَ اللهُ العَظِيمْ

Bacaan Lainnya

Jamaah Rahimakumullah,

Nikmat ingkang paling agung lan paling awis inggih punika dipunparingi yuswa ingkang dangu kanthi sehat wal ‘afiat, sarta tansah ngugemi iman lan Islam.

Sedaya kanugrahan punika kita tampi ing dinten menika, sehingga kita saged hadir wonten masjid punika kanthi boten wonten gangguan punapa-punapa. Keranten menika, sumangga kita syukuri nikmat punika kanthi nderek ngluhuraken takwa dhumateng Gusti Allah.

Tegesipun, nindakaken sedaya ingkang dipun dhawuhaken, sarta nyingkiri punapa ingkang dipun larang. Mboten namung punika, kita ugi kalebet hamba ingkang syukur lan tansah angsal rahmat saking Gusti Allah Subhanahu Wa Ta’ala.

Hadirin ingkang kinurmatan,

Kathah tiyang ndedonga dhumateng Gusti Allah supados dipun paringi yuswa ingkang dangu. Namung sekedhik utawi mboten wonten tiyang ingkang nyuwun yuswa cekak.

Menika amargi kathah ingkang gadhah panemu bilih yuswa dangu punika saged dipun ginakaken kagem nglumpukaken amal shalih kangge bekal gesang langgeng ing akhirat.

Punapa ingkang dipun suwun punika nderek sabdaipun kanjeng Nabi Rasulullah ﷺ:

يَا رَسُولَ اللَّهِ مَنْ خَيْرُ النَّاسِ قَالَ : مَنْ طَالَ عُمُرُهُ وَحَسُنَ عَمَلُهُ

Artinipun: “Wahai Rasulullah, sinten tiyang ingkang paling sae?” Panjenengan Nabi paring wangsulan: “Wong sing umure dawa lan apik tumindake.” (HR Tirmidzi)

BACA HALAMAN BERIKUTNYA..

Pos terkait