Khutbah Jumat 24 Januari 2025 Lengkap Bahasa Jawa: Kautaman Shalat, Nêntremake Ati lan Pikiran

ilustrasi shalat
ilustrasi shalat

Kajaba dados cagake agama, shalat ugi gadah kathah kautaman. Kanggene tiyang ingkang nglampahi shalat, mboten namung kangge nggugurake kewajiban, ananging shalat ugi saget dados wasilah kangge dzikir (pangeling-eling) marang Gusti Allah. Dhawuhipun Gusti Allah wonten ing Al-Qur’an:

 وَأَقِمِ الصَّلَاةَ لِذِكْرِي 

Bacaan Lainnya

Artosipun: “Sliramu padha ngadegake shalat, kangge pangeling-eling marang Ingsun (Allah).” (QS Thaha ayat 14)

Ngeling-eling marang Allah punika saget ndadosake padhang lan nentremake ati lan pikiran. Dhawuhipun Gusti Allah:

  اَلَا بِذِكْرِ اللّٰهِ تَطْمَىِٕنُّ الْقُلُوْبُۗ

Artosipun: “Eling-eling. Kanthi eling marang Allah, penggalihe wong-wong mukmin padha bisa anteng, ora sebab liya-liyane.”  (QS Ar-Ra’d ayat 28)

Sakbibaripun shalat, sahenipun dipun kulinaake maos dzikir lan doa. Laku punika saget dados pangeling-eling ugi pangarep-arep. Namung dumatheng Gusti Allah kita nyumelehake ati lan pikiran. Saksampunipun ikhtiar lan ngadepi kerupekane dunyo, kita tansah nyuwun pinaringan sedaya kesahenan marang Gusti.

Kanthi ati saha pikiran kang sumeleh, wohe saking nindaake shalat, ing dalem nglampahi gesang ing dunyo kita saget enteng lan anteng. Kita yakin, senajan menawa taksih ngadepi ujian ing dunya, kita yakin bilih wonten Gusti Allah ing ngarsane kita sedaya, ingkang bakal maringi pitulungan. Gusti Allah sampun paring dhawuh:

 لَا يُكَلِّفُ اللّٰهُ نَفْسًا اِلَّا وُسْعَهَاۗ لَهَا مَا كَسَبَتْ وَعَلَيْهَا مَا اكْتَسَبَتْۗ

Artosipun: “Gusti Allah ora bakal merdi manungsa, kajaba kang dikuwasani dening manungsa mau. Lakon bagus ana ganjarane. Lakon ala ana siksane.” (QS Al-Baqarah ayat 286)

Jamaah Jumat ingkang minulya

BACA HALAMAN BERIKUTNYA..

Pos terkait