Salah setunggalipun perintah saking Gusti, inggih punika ibadah shalat fardhu utawi shalat limang waktu. Ibadah shalat punika dados lelampahane tiyang mukmin, tegese dados tandane tiyang ingkang takwa marang Allah. Dhawuhipun Allah ing Al-Qur’an:
اَلَّذِيْنَ يُؤْمِنُوْنَ بِالْغَيْبِ وَيُقِيْمُوْنَ الصَّلٰوةَ وَمِمَّا رَزَقْنٰهُمْ يُنْفِقُوْنَۙ
Artosipun: “(Wong kang takwa) yaiku wong-wong kang padha percaya marang perkara ghaib (kaya Swarga lan liya-liyane), lan nglakoni shalat, lan nyokongake sebagian saking bandhane.” (QS Al-Baqarah ayat 3)
Ibadah shalat punika ugi dados rukun Islam ingkang angka kalih saha dados cagake agama. Dhawuhipun Kanjeng Nabi Muhammad saw ingkang dipun diriwayataken Sahabat Umar bin Khattab RA:
اَلْإِسِلاَمُ أَنْ تَشْهَدَ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللهُ وَأَنَّ مُحَمَّدًا رَسُوْلُ اللهِ وَتُقِيْمَ الصَّلاَةَ وَتُؤْتِيَ الزَّكاَةَ وَتَصُوْمَ رَمَضَانَ وَتَحُجَّ الْبَيْتَ إِنِ اسْتَطَعْتَ إِلَيْهِ سَبِيْلاً
Artosipun: “Islam iku ing yinto sira nyekseni, bilih mboten wonten Pengeran kajaba namung Gusti Allah, lan nyekseni bilih Kanjeng Nabi Muhammad iku utusane Allah. Sira ngadegake shalat, ngedalake zakat, pasa ana ing wulan Ramadhan, lan ngibadah haji ing Baitullah lamun sira wus mampu nindakake.” (HR Muslim)
Dhawuh sanesipun:
اَلصَّلَاةُ عِمَادُ الدِّيْنَ، فَمَنْ أَقَامَهَا فَقَدْ أَقَامَ الدِّيْنَ وَمَنْ تَرَكَهَا فَقَدْ هَدَمَ الدِّيْنَ
Artosipun: “Utawi shalat iku dados cagake agama, sapa wonge kang ngadêgake shalat, mangka temen-temen wis ngadêgake agama. Lan sapa wonge kang ninggalake shalat, mangka temen-temen wis ngrubuhake agama.” (HR Al-Baihaqi)
Ma’asyiral Muslimin rahimakumullah
BACA HALAMAN BERIKUTNYA..