Wonten ing kitab I‘anatut Thalibin dipun sebataken dene wulan Rajab kalebet bulan spesial kranten asalipun sangking kalimat “tarjib” ingkang gadah makna ngagungaken utowo muliaken. Dipun sebataken zaman rumiyen, bangsa Arab lewih ngagungaken wulan Rajab tinimbang wulan-wulan lintunipun.
Sakbagian ulama ugi maknai Rajab sami kalian Al-Ashabb ingkang maknanipiun tumetes utowo ngalir. Makna meniko lambang katahe kesaenan lan keberkahan tumetes lan ngalir wonten ing wulan Rajab.
Wonten ugi setunggalipun ulama ingkang maknai Rajab kalian Rajam ingkang nggadahi makna mbalang musuh lan setan-setan. Ing wulan Rajab, setan-setan sami dipun balang sehinggo mboten ngganggu piantun-piantun soleh.
Wonten ing bulan Rajab meniko, kito ugi dipun dawuhi supados ngatah-ngatahaken ngibadah lan ndungo. Kranten ing wulan Rajab, katah keistimewaan-keistimewaan arupi dipun tikel-tikelaken ganjaran saking ibadah ingkang kito lakoni.
Nanging mboten anamung niku mawon, kito kedah atos-atos lan waspodo serto mboten ngalkoni duso kranten duso ingkang dipun lakoni ing wulan meniko ugi bade dipun tikelaken deneng Allah swt. Pramilo monggo sami nindaaken nopo ingkang dipun perintahaken Allah lan nebehi nopo ingkang dipun larang deneng Allah swt.
Moko niku, Ma’asyiral Muslimin rahimakumullah Kejawi nindaaken ikhtiar ngatah-ngatahaken ngibadah ing wulan Rajab, kito ugi kedah ngatah-ngatahaken dungo supados kita dipun paringi kekiatan kangge nglampahi ngibadah ing wulan Rajab meniko. Dungo ingkang dados wujud tawakkal utowo pasrah dateng Allah ugi dipun karepaken saged dados lantaran pituduh Allah dateng kito kangge nebehi tumindak maksiat lan duso.
Kito kedah sadar-sesadaripun, wonten ingkang mboten ketingal lan mboten saged dipun candak ingkang nentuaken urip kito ing dunyo. Sukses lan gagal meniko mboten saged ditentuaken kito piyambak. Meniko kekuasaan Allah swt ingkang nentoaken urip kito. Kito namung waged ikhtiar lan ndungo mugi Allah tansah ngabulaken kekarepanipun kito sedoyo. Allah ngendiko:
وَقَالَ رَبُّكُمُ ادْعُونِي أَسْتَجِبْ لَكُمْ
Artosipun: “Allah dawuh: ‘Dungoo siro kabeh marang-Ku (Allah), yekti bakal dipun kabulaken dungo siro kabeh” (QS Ghâfir: 60).
Rasulullah saw ugi dawuh:
BACA HALAMAN BERIKUTNYA..