اَلْحَمْدُ لِلّهِ رَبِّ الْعالَمِيْنَ حَمْدًا كَثِيْرًا طَيِّبًا مُبَارَكًا فِيْهِ كُلَّ حَالٍ ، اَلَّذِى قَدْ اَوْجَبَ مِنْ نُوْرِهِ نُوْرًابِهِ عَمَّ الْهُدَى, ، اَشْهَدُ اَنْ لَا اِلهَ اِلَّااللهُ وَاَشْهَدُ اَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ رَسُوْلُهُ لَا نَبِىَّ بَعْدَهُ ، اَللّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلَى النَّبِىِّ الْكَرِيْمِ وَالرَّسُوْلِ الْعَظِيْمِ سيدنا وَّحَبِيْبِنَا مُحَمَّدٍ وَّعَلَى الِهِ وَصَحْبِهِ وَمَنْ أَحْيى سُنَّتَهُ اِلَى يَوْمِ الْقِيَامَةِ
أَمَّا بَعْدُ، فَإِنِّي أُوْصِيْكُمْ وَنَفْسِيْ بِتَقْوَى اللهِ الْقَائِلِ في مُحْكَمِ كِتَابِهِ ، يٰٓاَيُّهَا الَّذِيْنَ اٰمَنُوا اتَّقُوا اللّٰهَ وَلْتَنْظُرْ نَفْسٌ مَّا قَدَّمَتْ لِغَدٍ وَاتَّقُوا اللّٰهَ اِنَّ اللّٰهَ خَبِيْرٌ بِمَا تَعْمَلُوْنَ
Ma’asyiral Muslimin rahimakumullah,
Sidang Jum’at ingkang dipun rahmati Allah Swt. Mangga sami tansah budidaya lan ningkataken iman lan taqwa dhumateng Allah, inggih punika kanthi nindakaken dhawuh-dhawuhipun Allah lan nilar saha nebihi sedaya awisanipun Allah. Kanthi mekaten, kita Insya Allah badhe pikantuk kabegjan wiwit dunya dumugining akherat samangke.
Sidang Jum’at Rahumakumullah.
Wulan Syawal meniko kito sampun sareng-sareng ngrayaaken Idul Fitri. Inggih meniko sedoyo umat Islam mugi-mugi angsal derajat taqwa lan angsal kamulyan saking Allah Swt. Keranten sampun angsal derajat taqwa, monggo terus ningkataken ibadah lan amal sholih, ampun ngantos putus istiqomahipun.
Meniko sesuai kaleh makna syawal, inggih meniko wulan ningkataken sedoyo kesahenan. Nderek dawuhipun Imam Ibnul ‘Allan asy Safi’i wonten ing kitab Dalilul Falihin li Syarh Riyadh al-Shalihin ingkang sampun nerangaken.
“Nami wulan Syawal meniko dipundut saking kalimat Syaalat al-ibil, ingkang artosipun onta niku ngangkat utawi negakaken ekoripun. Syawal dimaknai maketan, sebab rumiyin tiyang-tiyang Arab gantungaken alat-lat perang, karanten sampun cerak kalen bulan haram, inggih meniko wulan larangan kangge perang”.
BACA HALAMAN BERIKUTNYA..