Materi Khutbah Jumat Bahasa Jawa Edisi 6 September 2024 PDF Menyambut Rabiu’ul Awal

Ilustrasi Bulan Rabiul Awal

MUKADIMAH KHUTBAH JUMAT

إِنّ الْحَمْدَ ِللهِ نَحْمَدُهُ وَنَسْتَعِيْنُهُ وَنَسْتَغْفِرُهُ وَنَعُوْذُ بِاللهِ مِنْ شُرُوْرِ أَنْفُسِنَا وَسَيّئَاتِ أَعْمَالِنَا مَنْ يَهْدِهِ اللهُ فَلاَ مُضِلّ لَهُ وَمَنْ يُضْلِلْ فَلاَ هَادِيَ لَهُ

الحمد لله رب العالمين القائل :وَمَآ اَرْسَلْنٰكَ اِلَّا رَحْمَةً لِّلْعٰلَمِيْنَ

Bacaan Lainnya

أَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلهَ إِلاّ اللهُ وَأَشْهَدُ أَنّ مُحَمّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ

صَلَّى اللهُ عَلَى أَشْرَافِ الأَنْبِيَاءِ وَالمرْسَلِيْنَ نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَأَصْحَابِهِ وَمَنْ سَارَ عَلَى نَهْجِهِ القَوِيْمِ وَدَعَا إِلَى الصِّرَاطِ المُسْتَقِيْمِ إِلَى يَوْمِ الدِّيْنِ وَسَلَّمَ تَسْلِيْمًا كَثِيْرًا

أما بعدُ

فيا عباد الله أوصيكم وإيّاي نفسي بتقوى الله حقّ تقاته فقد فاز المتقون

Hadirin Jamaah Shalat Jumat ingkang minulio

Mboten bosen-bosen kito panjataken muji syukur wonten ngarso dalem Allah SWT ingkang sampun paring nikmat iman lan islam. Kenikmatan meniko termasuk karunia paling ageng kangge hamba-hambanipun.

Lan mestinipun kito kedah syukur wonten ngarsanipun Allah SWT atas nikmat nyowo ingkang dipun paringaken dumateng kulo panjenengan sedoyo. Sehinggo wonten ing saat meniko saget ngeraosaken nikmat hidayah.

Sholawat ugi salam mugi tansah kunjuk katur wonten ngarsanipun kanjeng Nabi Muhammad SAW soho keluarga lan sahabatipun.

Lan kulo ngajak pribadi kulo piambak ugi sedoyo jamaah supados sareng-sareng memperkokoh taqwa khususipun wonten ing sak lebete sasi Rabiul Awal.

يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا اتَّقُوا اللَّهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلَا تَمُوتُنَّ إِلَّا وَأَنْتُمْ مُسْلِمُونَ

Artinya: “He wong-wong kang podo iman, wedio siro kabeh marang Allah ing sak temen-temene takwa. Lan ojo pisan-pisan siro mati kelawan keadaan agama Islam,” (Al-Quran, Surat Ali Imran, ayat 102).

Hadirin Sidang shalat Jumat rahimakumullah…

Sasi/wulan niki yoiku salah setunggalipun sasi ingkang sedoyo umat Islam bebungah manahipun. Lanopo kok umat Islam podo bungah?

Wonten ing sasi niki, yoiku Sasi Rabiul Awal utawi diarani Sasi Maulid. 14 Abad kepungkur, dipun lahiraken Nabi ingkang terakhir mboten sanes ingkang kaparingan Asmo Muhammad SAW.

BAC HALAMAN BERIKUTNYA..

Pos terkait