Teks Khutbah Idul Fitri 2023 Bahasa Jawa dan Indonesia PDF Menyentuh Hati: Menyambung dan Memperkuat Silaturahmi

Khutbah Idul Fitri Terbaik Sepanjang Masa
Khutbah Idul Fitri Terbaik Sepanjang Masa

Dinten riyadin inggih meniko dinten bungah lan dinten kebahagiaan. Bungah utawi kebahagiaan kagem umat Muslim sak alam dunyo ingkang sampun nyempurnaaken taat dumateng Allah SWT.

 اللّٰهُ أَكْبَرُ اللّٰهُ أَكْبَرُ اللّٰهُ أَكْبَرُ، وَلِلّٰهِ الْحَمْدُ

Bacaan Lainnya

Hadirin jamaah shalat Idul Fitri rahimakumullah,

Ing antawisipun tindak lampah ingkang dipun perintah kagem kito wonten ing dinten riyadin inggih meniko silaturahim. Tindak lampah meniko ingkang dipun ajarakan Rasulullah shallallahu ‘alaihi wasallam kelawan tumindak lan ucapanipun.

Sak sampun ipun Jibril pertama kali mbeto wahyu, Kanjeng Nabi Muhammad nyeritaaken dateng Sayyidah Khadijah tentang menopo ingkang dipun alami kanjeng Nabi. Lajeng Khadijah radhiyallahu ‘anha matur:

 اثْبُتْ يَا ابْنَ عَمِّ وَأَبْشِرْ، إِنَّكَ لَتَصِلُ الرَّحِمَ، وتَصْدُقُ الْحَدِيْثَ، وَتَكْسِبُ الْمَعْدُوْمَ، وَتَقْرِيْ الضَّيْفَ، وتُعِيْنُ عَلَى النَّوَائِبِ (رواه البخاري)

Artosipun: “Tenango he anak pamanku lan ngarepo sing apik, temen siro (kanjeng Nabi) yoiku wong sing temen-temen nyambung tali silaturahim, jujur naliko ngucap, wenehi nang wong fakir, ngurmati tamu lan bantu wong-song sing kesusahan.” (HR al-Bukhari).

Ma’asyiral Muslimin wal Muslimat rahimakumullah,

Nyambung sitalurahim kalih kerabat inggih meniko termasuk salah setunggal kewajiban. Sak wangsulipun, medhot hubungan silaturahim termasuk salah setunggal duso ageng. Kanjeng Nabi Muhammad SAW sampun dawuh:

 لاَ يَدْخُلُ الْجَنَّةَ قَاطِعٌ (رواه البخاري)

Artosipun: “Mboten bakal melbu surgo (bareng wong-wong sing luwih awal melbu surgo) wong sing medhot silaturahim.” (HR al-Bukhari dan Muslim).

Allah ta’ala ugi sampun ngendikan:

 فَهَلْ عَسَيْتُمْ إِنْ تَوَلَّيْتُمْ أَنْ تُفْسِدُوا فِي الْأَرْضِ وَتُقَطِّعُوا أَرْحَامَكُمْ، أُولَئِكَ الَّذِينَ لَعَنَهُمُ اللّٰهُ فَأَصَمَّهُمْ وَأَعْمَى أَبْصَارَهُمْ (سورة محمّد: ٢٢-٢٣)

Artosipun: “Umpomo sekirane awakmu kuoso opo bakal gawe kerusakan ing alam duni lan medhot silaturahim? Yoikulah wong-wong sing dilaknat Allah lan digawe budheg kupinge lan digawe wuto mripate.” (QS Muhammad: 22-23)

Ingkang dipun maksud Rahim atau Arham ingkang wajib sipun sambung inggih meniko poro sedulur sanak kadang baik saking Bapak utowo Ibu, kados paklik lan bulik soho putro putrinipun.

Ma’asyiral Muslimin wal Muslimat rahimakumullah,

Medhot silaturahim artisipun sedoyo tidak lampah ingkang saget dadosaken renggangipun utawi putusipun hubungan kale sedulur/sanak kadang. Contohipun mboten sambang naliko sedek e lagi bungah utawi lagi kenging musibah, mboten nepon babar pisan utawi mboten purun bantu sederek e ingkang mbetahaken padahal piambak ipun mampu.

Pramilo, wonten ing dinten Riyadin Idul Fitri meniko kito dipun anjuraken nyambung silaturahim kalian keluarga utawi kerabat kito. Wonten ing zaman meniko, zaman canggih mboten enten alasan kagem nyambung silaturahim. Silaturahim saget kito lampahi kanthi macem-macem doro. Kados dene lewat telponm, lewat SMS utawi WhastApp lan sak pinunggalanipun.

BACA HALAMAN BERIKUTNYA..

Pos terkait