Teks Khutbah Idul Fitri 2023 Bahasa Jawa dan Indonesia PDF Menyentuh Hati: Menyambung dan Memperkuat Silaturahmi

Khutbah Idul Fitri Terbaik Sepanjang Masa
Khutbah Idul Fitri Terbaik Sepanjang Masa

MUKADDIMAH KHUTBAH IDUL FITRI

اَللهُ أَكْبَرُ اَللهُ أَكْبَرُ اَللهُ أَكْبَرُ، اَللهُ أَكْبَرُ اَللهُ أَكْبَرُ اَللهُ أَكْبَرُ، اَللهُ أَكْبَرُ اَللهُ أَكْبَرُ اَللهُ أَكْبَرُ. اَللهُ أَكْبَرُ كَبِيْرًا وَالْحَمْدُ ِللهِ كَثِيْرًا وَسُبْحَانَ اللهِ بُكْرَةً وَأَصِيْلاً، لاَ إِلهَ إِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ، صَدَقَ وَعْدَهُ، وَنَصَرَ عَبْدَهُ، وَأَعَزَّ جُنْدَهُ، وَهَزَمَ اْلأَحْزَابَ وَحْدَهُ، لاَ إِلهَ إِلاَّ اللهُ وَلاَ نَعْبُدُ إِلاَّ إِيَّاهُ مُخْلِصِيْنَ لَهُ الدِّيْنَ وَلَوْ كَرِهَ الْكَافِرُوْنَ، لاَ إِلهَ إِلاَّ اللهُ وَاللهُ أَكْبَرُ، اَللهُ أَكْبَرُ وَللهِ الْحَمْدُ

اَلْحَمْدُ ِللهِ الَّذِيْ وَفَّقَنَا ِلإِتْمَامِ شَهْرِ رَمَضَانَ وَأَعَانَناَ عَلىَ الصِّيَامِ وَالْقِيَامِ وَجَعَلَنَا خَيْرَ أُمَّةٍ أُخْرِجَتْ للِنَّاسِ. نَحْمَدُهُ عَلَى تَوْفِيْقِهِ وَهِدَايَتِهِ. وَأَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلهَ إِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ الْمَلِكُ الْحَقُ الْمُبِيْنُ، وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ خَاتَمُ النَّبِيِّيْنَ. وَالصَّلاَةُ وَالسَّلاَمُ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ وَالتَّابِعِيْنَ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الدِّيْنَ، أَمَّا بَعْدُ: فَيَا عِبَادَ اللهِ، أُوْصِيْكُمْ وَنَفْسِيْ بِتَقْوَى اللهِ فَقَدْ فَازَ الْمُتَّقُوْنَ، وَأَحُسُّكُمْ عَلَى طَاعَتِهِ لَعَلَّكُمْ تُرْحَمُوْنَ

Bacaan Lainnya

Maasyiral Muslimin rahimakumullah,

Wonten ing kesempatan ingkang bahagia meniko monggo sareng-sareng ningkataken takwallah. Keranten ingkang saget abadi ing akhirat, mboten enten ingkang saget manfaati kejobo takwa lan amal sholeh. Pramilo, monggo kito ambudi-doyo supados ningkataken takwa dumateng Allah SWT. Kelawan ngelampahi sedoyo kewajiban lan nebihi sedoyo ingkang dilarang Allah SWT.

Hadirin jamaah shalat Idul Fitri rahimakumullah,

Enjing meniko, kito kumpul wonten panggenan ingkang kebak barokah, sak perlu nyambut rawuhipun wulan Syawal. Kito sampun lilo ninggal wulan Ramadhan. Wulan ingkang mulyo, wulan kebecikan, wulan kebak barokah, wulan taubat, lan wulan ketaatan ugi amal shalih sampun nilar kito sedoyo.

Sak sampun ipun kito pisah kalian wulan taubat, monggo kito sami netepi taubat. Sak sampun ipun kito pisah kalian wulan ketaan, monggi kito sami netepi taan. Sak sampun upun kito pisah kalian wulan Al QUr’an, monggo kito sami netepi maos Al Qur’an. Sak sampun ipun pisa kalian wulan tarawih, monggo kito sami nindaaken shalat-shalat sunnah. Sak sampun ipun pisah kalian wulan poso, monggo kito tetep ngelaksanakaan poso-poso sunnah.

  اللّٰهُ أَكْبَرُ اللّٰهُ أَكْبَرُ اللّٰهُ أَكْبَرُ، وَلِلّٰهِ الْحَمْدُ

Ma’asyiral Muslimin wal Muslimat rahimakumullah,

Dinten meniko termasuk dinten ingkang agung sanget, dinten riyadin ingkang mulyo. Wonten hadist dipun sebataken bilih wonten salah setunggal dinten riyadin Nabi shallallahu ‘alaihi wasallam dawuh:

 لِكُلِّ قَوْمٍ عِيْدٌ وَهذَا عِيْدُنَا (رواه البخاري وغيرُه)

Artosipun: “Setiap kaum nduwe dino royoyo lan dino iki yoiku dino riyoyo kito,” (HR al-Bukhari dan lainnya).

BACA HALAMAN BERIKUTNYA..

Pos terkait