Khutbah Idul Adha 2022 Bahasa Jawa Singkat Mengharukan: Tiga Pesan Kurban

Contoh Bacaan Bilal Idul Fitri
Pelaksanaan Sholat Idul Fitri

Allah lajeng paring kabar bingah kelawan anugerah lahiripun setunggaling putro ingkang pinter lan sabar sanget. Anamung mawon, kala lare meniko sampun dewasa, Nabi Ibrahim diuji Allah supados nyembelih putro tercinta meniko.

Singkat cerito, kala Ibrahim lan Ismail pasrah dhateng Allah, Ibrâhîm mbekta larenipun dhateng setunggaling tumpukan pasir. Lajeng Ibrâhîm membaringkan Ismail kaliyan posisi pelipis ing inggiling lemah lan siap kangge disembelih.

Bacaan Lainnya

Jamaah shalat idul adha hadâkumullâh..

Atas kersanipun Allah, drama penyembelihan anak manungso meniko batal dipunlampahaken. Allah berfirman lebet ayat salajengipun:

 إِنَّ هَذَا لَهُوَ الْبَلاءُ الْمُبِينُ (106) وَفَدَيْنَاهُ بِذِبْحٍ عَظِيمٍ (107) وَتَرَكْنَا عَلَيْهِ فِي الآخِرِينَ (108) سَلامٌ عَلَى إِبْرَاهِيمَ (109) كَذَلِكَ نَجْزِي الْمُحْسِنِينَ (110) إِنَّهُ مِنْ عِبَادِنَا الْمُؤْمِنِينَ

“Sabenere iki bener-bener siji ujian kang nyata. Lan kito tebus anak iku karo siji sembelihan kang gedhe. Kita abadikan kanggo Ibrahim iku (pujian kang apik) ing kalangan wong-wong kang teka banjur, (yaiku) ‘kesejahteraan dilimpahake dhuwur Ibrahim’. Mangkono lah kito menehi walesan marang wong-wong kang tumindak apik. Sabenere dheweke termasuk kawulo-kawulo kito kang beriman.”

Hadirin Rahimakumullah..

Ibadah kurban ingkang dipunlampahaken umat Islam saben tahun inggih meniko bentuk i’tibar utawi mendhet pelajaran kisah kasebat. Samboten-mbotenipun wonten tiga pesen umum ingkang saged kito pendhet.

Pelajaran sepindah, tentang totalitas kepatuhan dhateng Allah SWT. Nabi Ibrahim ingkang angsal titel “khalilullah” (kekasih Allah) angsal ujian berat ing naliko raos bahagianipun meluap-luap kelawan duginipun putro tercinta ingkang kaparingan asmo Ismail.

BACA HALAMAN BERIKUTNYA..

Pos terkait