Teks Khutbah Jumat NU Singkat Bulan Rajab Bahasa Jawa PDF: Peristiwa Penting di Bulan Rajab

ilustrasi bulan rajab

Nomer kaleh, Tanggal 27 Rajab wonten peristiwa Isra’ lan Mi’raj, salah setunggal mu’jizat paling agung kagem Nabi Muhammad shallallahu ‘alaihi wa sallam.

Terkait mu’jizat agung meniko penting sanget supados dipun garisbawahi bilih maksud lan tujuanipun Isra’ Mi’raj mboten berarti Allah manggen wonten nginggil langit lajeng Rasulallah diperintah munggah ten langit.

Bacaan Lainnya

Poro ulama Ahlussunnah wal Jama’ah negasaken bilih Allah ingkang Moho Suci mboten mbetahaken tempat utawi arah. Allah mboten berubah, tetep wonten tanpo panggenan lan arah.

Maksud lan tujuanipun Isra’ dan Mi’raj  inggih meniko muliaaken Kanjeng Nabi Muhammad SAW. Allah badhe nuduhaken marang kanjeng Nabi keajaiban lan tondo-tondo kekuasaanipun Allah SWT. Ugi wonten Isra’ dan Mi’raj menikolah Kanjeng Nabi nampi perintah sholat.

Hadirin sidang jum’ah Rahimakumullah..

Selain peristiwa meniko ugi wonten peristiwa-peristiwa penting wonten ing sasi Rajab. Antawisipun, wonten ing dinten sedoso sasi Rajab tahun 9 H wonten perang Tabuk. Wonten sasi Rajab tahun 9 H, an-Najasyi, raja al-Habasyah tilar dunyo kanti kawontenan Islam.

Imam Syafi’i wafat wonten sasi Rajab tahun 204 H yuswo 54 tahun. Beliau dimakomaken wonten ing Mesir. Ing Sasi Rajab 101 H, Khalifah ‘Umar bin ‘Abdil ‘Aziz tilar dunyo yuswo 39 tahun. Tanggal 27 Rajab 583 H, Sultan Shalahuddin Al-Ayyubi berhasil bebasaken Baitul Maqdis, Palestina.

Naliko bebasaken Palestina, Sultan Shalahuddin al Ayyubi mboten langsung nyiapaken tentara lan alat perang. Ananging, ingkang dipun lampahi Sultan Shalahuddin al Ayyubi inggih meniko mempersatukan umat Islam dateng setunggal aqidah ingkang leres inggih meniko Ahlussunnah wal Jama’ah.

Tanggal 16 Rajab 1344 H tepatipun 31 Januari 1926 Masehi, poro ulama kumpul ten Suroboyo sak perlu nyepakati Jam’iyah Nahdlatul Ulama. Salah setunggal organisasi sosial lan keagamaan ingkang merjuangaken Ahlussunnah wal Jama’ah.

Ma’asyiral Muslimin rahimakumullah,

BACA HALAMAN BERIKUTNYA..

Pos terkait