Wonten ing Jumat meniko mboten keraos kito sedoyo sampun mlebet wonten ing sasi Rajab 1443 Hijriyah. Salah setunggal sasi saking sekawan al Asyhur al Hurum utawi sasi-sasi haram, sasi-sasi ingkang suci twin mulyo inggih meniko Dzulqa’dah, Dzulhijjah, Muharram dan Rajab.
Allah subhanahu wa ta’ala dawuh wonten Al Quranul Karim:
إِنَّ عِدَّةَ الشُّهُورِ عِنْدَ اللَّهِ اثْنَا عَشَرَ شَهْرًا فِي كِتَابِ اللهِ يَوْمَ خَلَقَ السَّمَاوَاتِ وَالْأَرْضَ مِنْهَا أَرْبَعَةٌ حُرُمٌ (التوبة: ٣٦)
Artosipun: “Setuhune wilangan wulan mungguh Allah yaiku 12 (rolas), ing dalem Allah waktu nyiptaaken langit lan bumi, setengah sangking 12 wulan 4 wulan haram. (Q.S. at-Taubah: 36).
Poro Jamaah ingkang minulyo,
Sangking banget mulyanipun sasi Rajab sehinggo wonten riwayat ingkang jelasaken bilih malam setunggal Rajab yoiku salah setunggal wengi ikan mustajab kagem pinten-pinten dungo. Kados keteranganipun Imam Syafi’i wonten kitab Al-Umm:
بَلَغَنَا أَنَّهُ كَانَ يُقَالُ: إِنَّ الدُّعَاءَ يُسْتَجَابُ فِي خَمْسِ لَيَالٍ: فِي لَيْلَةِ الْجُمُعَةِ، وَلَيْلَةِ الْأَضْحَى، وَلَيْلَةِ الْفِطْرِ، وَأَوَّلِ لَيْلَةٍ مِنْ رَجَبٍ، وَلَيْلَةِ النِّصْفِ مِنْ شَعْبَانَ
Artosipun: “Wes nyampek berita nang awak dewe kabeh yen biyen pernah disampekne: Setuhune dungo iku dikabulne ono ing 5 wengi yoiku malam jumat, malam hari raya idul Adha, malam hari raya Idul Fitri, malam pertama sasi Rajab lan malam nisfu Sya’ban.”
Hadirin sidang jum’ah Rahimakumullah..
Allah muliaaken sasi Rajab moboten tanpo alasan. Allah dadosaken sasi Rajab ingkang mulyo keranten wonten ing lebetipun Rajab wonten pinten-pinten peristiwa penting ingkang dados sejarah umat Islam.
Antawisipun peristiwa penting wonten ing sasi Rajab inggih meniko:
Sepindah, Sayyidah Aminah binti Wahb mulai ngandung janin ingkang kelak dipun paringi asmo Muhammad wonten ing sasi Rajab.
Sak mantunipun ngandung selama 9 bulan, wonten sasi Rabi’ul Awwal Sayyidah Aminah ngelahiraken makhluk ingkang paling mulyo, baginda Nabi agung Muhammad shallallahu ‘alaihi wa sallam. Kelahiranipun meniko rahmat ingkang dihadiahaken kagem alam sak isinipun.
BACA HALAMAN BERIKUTNYA..