Contoh Khutbah Jumat 24 November 2023 Bahasa Jawa Singkat Padat Bikin Jamaah Haru

ilustrasi bekerja keras
ilustrasi bekerja keras

Wonten setunggale dawuh ingkang populer nggih meniko:

اِعْمَلْ لِدُنْيَاكَ كَأَنَّكَ تَعْيْشُ أَبَدًا وَاعْمَلْ لِآخِرَتِكَ كَأنَّكَ تَمُوْتُ غدًا

Bacaan Lainnya

Artosipun: Ngamalo krono dunyomu koyo-koyo siro urip saklawase, lan ngamalo krono akhiratmu koyo-koyo siro bakal mati sesok.

Dawuh niki menawi dipun pahami, paring pepertelan tiyang ingkang ngamal arupi sregep nyambut gawe krono dunyone, niku kedah nggadah semangat urip saklawase, mboten males-malesan, sebab urip saklawase niku nyiapaken sangu ingkang katah.

Lajeng tiyang ingkang ngamal krono akhirate, niku kedah nggadah keyakinan bakal pejah ing dino sesok, tegese kedah tenanan anggenipun ibadah ukhrowi.

Kekalihipun sami-sami mbahas babakan ngamal; ngamal kanggo dunyo lan ngamal krono akhirat. Sinten kimawon ingkang sregep ngamal kanggo dunyone, biasane nggadah dowo pengangen-angen utawi cita-cita, ngantos supe bakale pejah.

Kosok wangsulipun, sinten kimawon ingkang ngamal krono akhirate, biasae mboten nggadah dowo pengangen-angen, sebab sedoyo penggaweane dipun cawisaken kagem dinten pejahe.

BACA HALAMAN BERIKUTNYA..

Pos terkait