Contoh Khutbah Jumat Bahasa Jawa 30 Juni 2023 Menyentuh Hati: Pesan Ismail Untuk Umat Manusia

mendegarkan khutbah jumat
mendegarkan khutbah jumat

 وَمَنْ يَّقْتُلْ مُؤْمِنًا مُّتَعَمِّدًا فَجَزَاۤؤُهٗ جَهَنَّمُ خَالِدًا فِيْهَا وَغَضِبَ اللّٰهُ عَلَيْهِ وَلَعَنَهٗ وَاَعَدَّ لَهٗ عَذَابًا عَظِيْمًا

Artosipun: “Barang sapa mateni siji kang beriman karo sengaja, mula balasane yaiku neraka jahanam, dheweke kekal ing jerone. Allah murka marang dheweke, lan ngelaknat sarta nyedyakake azab kang gedhe kanggo dheweke.”

Bacaan Lainnya

Jamaah Jemuwah Rahimakumullah,

Perlu kita emut, menawi kawontenan agami mliginipun agami Islam ing donya punika dipunkonjuk kangge mujudaken kedamaian, sanes kangge sami-sami nyakiti punapa malih mejahi.

Punika tamtunipun dados bahan renungan kita supados terus usaha nyegah icalipun nyawa manungsa tanpa dosa akibat paten-nitaten. Sumangga kita jagi dhiri kita lan keluwargi kita saking perbuatan-perbuatan jahat kados sami-sami netesaken getih.

Kita kedah mendhet ibrah lan teladan saking dipun-gantosipun Nabi Ismail kaliyan setunggal kewan, inggih punika kita kedah mejahi sifat kewan ingkang wonten lebet dhiri kita.

Insting kewan punika namung mejahi kelawan tarung nalika berselisih kaliyan kewan sanesipun. Punika ingkang mboten angsal kita lampahaken. Kedah wonten ruang komunikasi, sehingga kita mboten sami kaliyan kewan nalika wonten konflik.

Sumangga, warnai gesang kita kaliyan kebahagiaan lan welas asih. Keburukan lan kesaenan lebet gesang ing tengah-tengah masyarakat punika dipunwiwiti saking saben individu ingkang wonten ing lebetipun. Bilih setunggaling masyarakat dipunisi dening pribadi-pribadi ingkang tresna kesaenan, mila laladan kasebat ugi badhe diselimuti kesaenan, kerukunan, ketenteraman, lan perdamaian.

Nanging sa-wangsulipun, bilih setunggaling ldaerah tansah dipunliputi masalah, gesang ing lebetipun mboten tenteram lan kebak kaliyan keawonan, keranten sedaya punika saleresipun asalipun saking pribadi-pribadi negatif ingkang wonten ing lebetipun.

Kita kedah dados jiwa-jiwa ingkang sae saha mampu maringi kesaenan lan manfaat kangge tiyang sanes, sakepripun hadits Rasulullah ingkang masyhur sanget ingkang diriwayatkan saking jabir punika:

BACA HALAMAN BERIKUTNYA..

Pos terkait