Khutbah Jumat Bahasa Jawa 2022 Menyentuh Hati Hingga Membuat Jamaah Menangis

ilustrasi akhirat
ilustrasi akhirat

SPINDAH; Ingkang badhe kito pertanggungjawabaken wonten dinten kiamat benjing inggih meniko umur kito. Mulai usia baligh, sedoyo perkawis ingkang kito yakini, kito ucapaken, lan kito lampahi bakal kito pertanggungjawabaken wonten ing akhirat.

Bilih kito sampun ngelampahi sedoyo kewajiban lan nebihi sedoyo saking perkawis haram mongko kito bakal selamet lan bungah. Nanging sak wangsulipun, bilih mboten ngelampahi kewajiban lan nebihi awisanipun Allah mongko bakal sengsoro wonten ing akhirat.

Bacaan Lainnya

Jamaah Shalat Jumat rahimakumullah,

KAPING KALIH; Kito bakal dipun tangleti tentang jasad kito. Menawi sedoyo anggota badan naliko gesang kito gunaaken damel ngelampahi taat dumateng Allah, mongko kito bakal seneng lan bejo wonten ing akhirot.

Sak wangsulipun, menawi kito gunaaken kagem maksiat dateng Allah, mongko kito bakal rugi lan angsal sikso. Perlu dipun mangertosi bilih sedoyo anggota badan kito mungkin sanget ngelampahi doso lan maksiat.

Keranten meniko, wajib kagem kito supados anjagi manah, mripat, irung, kuping, lisan, tangan, sikil, weteng, kemaluan, lan sedoyo anggota badan saking tindak lampah ingkang bertentangan kalian Syariatipun Allah SWT.

KAPING TIGO; Kito bakal ditangleti ilmu kito. Kito bakal ditangleti, menopo kito sampun sinau ilmu agomo ingkang fardlu ‘ain? Lan menawi kito sampun sinahu, menopo sampun kito amalaken nopo dereng.

BACA HALAMAN BERIKUTNYA..

Pos terkait