Materi Khutbah Jumat NU Bahasa Jawa Bulan Syawal PDF: Mari Istiqomah Iman dan Takwa

ilustrasi bulan Syawal new
ilustrasi bulan Syawal new

Wulan syawal meniko ugi sahe sanget kangge ningkataken tali silaturahim. Meniko nderek dawuhipun Kanjeng Nabi Muhammad SAW.

مَنْ أَحَبَّ أَنْ يُبْسَطَ لَهُ فِي رِزْقِهِ، وَيُنْسَأَ لَهُ فِي أَثَرِهِ، فَلْيَصِلْ رَحِمَهُ

Bacaan Lainnya

“Sinten mawon ingkang kepengen dipun jembaraken rizkinipun lan disranteaken ajalipun (utawi dipanjangaken umuripun), monggo cepet-cepet silaturahim.”

Miturut Imam an-Nawawi ing Kitab Syarh Shahih Muslim, maksudipun “dijembaraken rizkipun” inggih meniko rizki dados jembar lan tambah kathah. Ugi rizkinipun tambah berkah.

Secoro lahir, rizkipun dereng mesti nambah, ananging secoro batin, rizkinipun katah berkah, dadosaken urip bungah, tentrem lan keluargo ingkang bahagia dunio dumugi akhirat.

Ing pungkasan, monggo wulan syawal meniko wekdal ingkang utami kangge ningkataken ibadah lan amal sholih. Shalat fardhunipun dipun sempurnakaken, shalat sunnahipun dipun tindakaken lan shalat jamaahipun dipun giyataken. Majlis taklim dipun jumbuhaken, masjid, langgar lan mushala dipun makmuraken.

Alquran dipun kaji, dipun udari makna lan kandunganipun kangge pedomanipun gesang. Infaq lan shadaqahipun dipun giyataken, shilaturahiminipun dipun lestantunaken, sahingga tansah rumaos andhap ashor lan prasojo, gedhe athi lan cilik ing pamrih.

BACA HALAMAN BERIKUTNYA..

Pos terkait