Materi Khutbah Jumat NU Bahasa Jawa Bulan Syawal PDF: Mari Istiqomah Iman dan Takwa

ilustrasi bulan Syawal new
ilustrasi bulan Syawal new

Makna Syawal meniko keranten sampun dados tradisi tiyang Arab. Manawi sampun manjing wulan syawal dan wulan-wulan haram (Dzulqaidah, Dzulhijjah dan Muharram), tiyang Arab sadar mboten purun maleh perang, utawi genjatan senjata. Mboten wonten maleh musuhan kaleh suku dan qabilah sanesipun.

Milo saking meniko, wonten wulan syawal monggo terus nindaaken dan istiqomah nglaksanaaken ibadah lan amal sholih, sahinggo taqwa kito mboten putus, anangis malah tambah sahe dan tambah berkahipun.

Bacaan Lainnya

Sampun diriwayataken saking Abu Hurairah, bileh Kanjeng Nabi Muhammad sampun dawuh.

مَنْ صَامَ رَمَضَانَ إِيمَانًا وَاحْتِسَابًا غُفِرَ لَهُ مَا تَقَدَّمَ مِنْ ذَنْبِهِ‏

Sinten mawon ingkang puasa wonten ing wulan Ramadhan kerono iman dan ngarep-ngarep ganjarane Allah, bakal dingapuro dosa-dosanipun ingkang sampun kalampah.”

Saking dawuh Nabi meniko, kito sampun suci, resik, ampun ngantos kotor dan kebak doso maleh. Keranten meniko, sahe sanget menawi wulan syawal meniko dipun terasaken puasa sunnah syawal. Nderek dawuhipun Nabi Muhammad SAW.

مَنْ صَامَ ثُمَّ أَتْبَعَهُ بِسِتٍّ مِنْ شوال كَانَ كَصِيَامِ الدَّهْرِ

“Sinten mawon ingkang sampun nindaaken puasa Ramadhan, lajeng dipun terasaken puasa 6 dinten ing wulan syawal, mongko tiyang niku angsal ganjaran kados tiyang ingkang puasa selami setunggal tahun.” (HR Muslim).

Poro ulama sampun nerangaken, bileh puasa sunnah syawal meniko sanget sahenipun. Nopo maleh menawi dipun laksanaaken sakba’danipun riyoyo Idul Fitri, utawi tanggal 2 Syawal langsung puasa sunnah.

Menawi mboten saget dipun laksanaaken kanti lumintu, saget ugi dipun laksanaaken dinten sanesipun. Ingkang pokok tetep dipun laksanaaken wonteng ing sang lebetipun wulan syawal. Saget mboten urut, ananging kedah genep 6 dinten ing wulan syawal.

Sidang Jum’at Rahumakumullah.

BACA HALAMAN BERIKUTNYA..

Pos terkait