Naskah Khutbah Jumat 2022 Bahasa Jawa PDF Tentang Nuzulul Qur’an

Ilustrasi nuzulul quran
Ilustrasi nuzulul quran

2. Tiang ingkang lancar maos Al Qur’an bakal bareng poro malaikat

Rasulullah shallallahu ‘alaihi wa sallam ngendikan:

Bacaan Lainnya

الْمَاهِرُ بِالْقُرْآنِ مَعَ السَّفَرَةِ الْكِرَامِ الْبَرَرَةِ وَالَّذِي يَقْرَأُ الْقُرْآنَ وَيَتَتَعْتَعُ فِيهِ وَهُوَ عَلَيْهِ شَاقٌّ لَهُ أَجْرَانِ

“Wong sing lancar moco Al Qur’an bakal bareng karo malaikat utusan sing mulyo tur ngabekti, tapi wong sing moco Al Qur’an kelawan nyendat-nyendat tur abot, mongko dewek e oleh ganjaran 2 (loro).” (HR. Muslim)

3. Maos sak huruf Al Qur’an angsal 10 kebagusan

Rasulullah shallallahu ‘alaihi wa sallam dawuh:

مَنْ قَرَأَ حَرْفًا مِنْ كِتَابِ اللَّهِ فَلَهُ بِهِ حَسَنَةٌ وَالْحَسَنَةُ بِعَشْرِ أَمْثَالِهَا لَا أَقُولُ الم حَرْفٌ وَلَكِنْ أَلِفٌ حَرْفٌ وَلَامٌ حَرْفٌ وَمِيمٌ حَرْفٌ

Sopo wonge sing moco sak huruf teko kitab Allah, mongko dewek e bakal oleh siji kebagusan teko huruf sing diwoco, lan siji kebagusan ditikelaken dadi sepuluh. Aku gak ngarani Alif Laam Miim kuwi siji huruf, tetapi alif siji huruf, lam siji huruf dan Mim siji huruf.” (HR. Tirmidzi)

4. Tiang ingkang maos Al Qur’an ibarat buah utrujjah (kulite wangi, isine legi)

Rasulullah shallallahu ‘alaihi wa sallam dawuh,

مَثَلُ الْمُؤْمِنِ الَّذِي يَقْرَأُ الْقُرْآنَ كَمَثَلِ الْأُتْرُجَّةِ رِيحُهَا طَيِّبٌ وَطَعْمُهَا طَيِّبٌ وَمَثَلُ الْمُؤْمِنِ الَّذِي لَا يَقْرَأُ الْقُرْآنَ كَمَثَلِ التَّمْرَةِ لَا رِيحَ لَهَا وَطَعْمُهَا حُلْوٌ وَمَثَلُ الْمُنَافِقِ الَّذِي يَقْرَأُ الْقُرْآنَ مَثَلُ الرَّيْحَانَةِ رِيحُهَا طَيِّبٌ وَطَعْمُهَا مُرٌّ وَمَثَلُ الْمُنَافِقِ الَّذِي لَا يَقْرَأُ الْقُرْآنَ كَمَثَلِ الْحَنْظَلَةِ لَيْسَ لَهَا رِيحٌ وَطَعْمُهَا مُرٌّ (البخاري)

Ibarat wong mukmin moco Al Qur’an yoiku koyo buah utrujjah; ambune wangi lan rasane enak. Wong mukmin sing gak mocok Al Qur’an yoiku koyo buah kurmo; ora wangi tapi rasane legi. Wong munafik sing moco Al Qur’an yoiku koyo tanduran raihaanah (kemangi); ambune wangi tapi rasane pahit, tetapi wong munafik sing moco Al Qur’an yoiku koyo tanduran hanzhalah; ora mambu lan rasane pahit.” (HR.Bukhari-Muslim)

Ma’asyiral Muslimin Rahimakumullah..

Pertanyaan sak lajengipun, sampun pinten ayat ingkang kito waos selama ramadhan? Sampun pinte juz ingkang kito waos?

Pramilo, Sak sampune kito semerap setengah saking keistimewaan Al Qur’an, monggo kito ambudi doyo supados angsal keistimewaan. Minimal, kito maos Al Qur’an meski mboten semerap artosipun lan ngamalaken isinipun. Sak repot-repote kito, monggo nyempataken maos Al Qur’an meski namung setunggal ayat. Keranten saben sak huruf ingkang kito waos bakal angsal 10 kebagusan.

BACA HALAMAN BERIKUTNYA..

Pos terkait